DIKASIH INFO - Saat bulan ramadhan, disetiap masjid biasanya mengadakan kegiatan kultum setelah salat tarawih dan shalat subuh.
Contoh Kultum berbagai tema pun sering dicari di internet, salah satunya ialah tentang keistimewaan puasa ramadhan Bahasa Jawa untuk ceramah setelah shalat tarawih dan subuh.
Berikut contoh kultum tentang keistimewaan puasa ramadhan bahasa Jawa untuk ceramah setelah shalat tarawih dan shalat subuh.
Baca Juga: Contoh Kultum Tentang Keutamaan Puasa Ramadhan Hari Kedua, Singkat dan Inspiratif
Assalamualaukum, wr.wb
Alhamdulilahi rabbil alamin, wabihi nastainu alaa umuriddunya waddin. Wassholatu wassalamu alaa asyrofil walmursaliin. Waala aalihi wa sohbihi ajmain. Amabadu.
Jamaah shalat isya lan tarawih ingkang dimuliakke Allah, sumonggo kulo derekaken ngunjukaken puji lan syukur wonten ngarsonopun gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi kito taufik, hidayah lan kasempatan, sehingga kito sedoyo saget makempal ing masjid meniko, kanti ngelaksanani shalat isya lan salat tarawih berjamaah tanpo kirang satunggal punopo. Monggo kito syukuri bil lisan kanti waosan tahmid sesarengan, Alhamdulillah…
Salawat soho salam, mugi katetepno dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad SAW, dumateng keluaraganipun, sahabatipun, lan akhiripun dumateng kito sedoyo; mugi-mugi kito sedoyo dipun akeni dados umatipun, lan pikantuk syafaatipun wonten yaumil akhir samangkih. Aamiin aamiin yarobbal alamin.
Jamaah shalat isya saha tarawih ingkang dimuliakke Allah, kulo lan panjenengan sampun mangerteni babagan ibadah siam utawi poso niku kalebet ibadah kang istimewa, termasuk poso ing wulan romadhon.
Sakniki kulo bade tanglet, kiro-kiro opo sebabe ibadah poso niku diarani ibadah ingkang istimewa? Nopo kiro-kiro?
Menurut imam Ghozali, Ibadah poso romadhon termasuk ibadah istimewa diibaratke masjidil harom kalihan masjid-masjid ing papan liya ing muka bumi.
Contonipun, masjid Labaik meniko saget diarani rumah Allah, nanging drajadte tetap kalah tinimbah masjidil Harom ten Mekah. Podo wae masjid-masijd sak Indonesia dikelumpukke, dihitung drajate, terus ditotal drajadte dadi siji, nggih mboten enten napa-napane dibanding drajade masjidil harom.
Imam Ghozali ngendikan, Alesan pisanan ibadah poso diarani ibadah istimewa sebab ibadah poso romadhon niku siji-sijine ibadah khusus lan rahasia, sing reti nanging tiyang sek ngelakoni karo Allah mawon.
Sederhanane, wong liyo niku mboten ngerti nak kulo lan panjenengan poso nopo mboten.
Contonipun, misal kulo derek acara buka bersama ten gene pakde medi Nah, pakde medi, mas indra, lan rencang sanese niku mboten enten sek reti kulo poso nopo mboten. Saget mawon kulo pas siang sampun mbatal… Niku conto mawon. Niki salah satunggal alesan ibadah poso niku istimewa.
Artikel Terkait
Amalan Doa Sebelum Bekerja, Amalkan Agar Rezeki Berkah dan Berlimpah Ruah
Bagaimana Hukum Vaksin Saat Puasa? Simak Penjelasan Ulama Berikut Ini
Keutamaan dan Manfaat Shalat Tahajud Serta Tata Cara Melakukannya
Bagaimana Hukum Belum Bayar Hutang Puasa Tapi Sudah Ramadhan Lagi? Begini Penjelasan Ulama Imam Madzhab